Selasa, September 12, 2006

TRADISI TIADA HENTI

NYADRAN LAN LELUHUR

Dening: Rama Sutadi - Ketua Pepadi Jawa Tengah

Leluhur padha karo luhur-luhur, yaiku kang ana ing dhuwur-dhuwur. Ana sing nyebut, para eyang sing wis seda utawa surud ing kasedan jati. Wong Jawa uga ana sing nyebut, para eyang sing wis kondur ana ing tepet suci, lokabaka utawa alam kelanggengan.

Ing tlatah Surakarta uga ana sing nyebut eyang sing wis suwargi, amarga percaya menawa arwah eyange wis munggah ana ing suwarga. Tradisi nyadran tumrap wong Jawa dianggep perlu lan  penting. Umume ditindakake ing sasi Ruwah(saka tembung Arab arwah), sepuluh dina sakdurunge ngibadah pasa, akeh kang padha nyekar para leluhur.

Rama Sudi Yatmana negetung siji mbaka siji wiwit saka bapa biyung tekan sapandhuwure. Ana ing ngelmu Kejawen, wiwit anak lan bapa biyung sapandhuwur sinebut sejarah rolas sing gunggungane kabeh ana 4.094. Pilahane, bapa biyung 2, mbah 4, buyut 8, canggah 16, wareng 32, udheg-udheg 64, gantung siwur 128, gropak senthe 256, tebu sinosog 512, petarangan bubrah 1.024, amun-amun 2.048.

Tradisi Jawa pancen unik,  nduweni ngelmu sing menehi pepeling marang anak(putu) supaya ngerti marang leluhur. Anak dikekudhang supaya ngerti bapa biyung sing ngukir jiwa ragane. Sabanjure digulawenthah supaya ngerti marang mula bukane wiwit mbah, mbah buyut, canggah, wareng, lan sapendhuwure. Ana sesebutan liyane supaya anak putu ngerti silisilahe.

Sawise ngerti, diweling supaya dipepundhi, amarga kabeh mau pepundhene. Ing sasi ruwah iki akeh pepundhen kang disowani lan diresiki. Nyadran tumrap wong Jawa dianggep wigati, amarga ana bab kang sambung karo tradisi spiritual. Istilah tradisi, muola bukane saka tembung latin tradere utawa traditio(basa mancane transit, handing down), tegese " maringake saka ndhuwur". Sing diparingake babagan kang nduweni nilai kang adi(luhur, luhung).

Tumurune bab kang adi mau ana sing wujud piwulang(ajaran, doktrin) religi, nanging uga ana kang awujud piwulang metafisika. Ana ing jagad Kejawen, akaeh banget tradisi sing ana sambung rakete karo slametan. Cliffort Geertz, sing nulis buku Abangan, Santri, Priyayi dalam Masyarakat Jawa, gamblang anggone ngandharake bab slametan ing masyarakat Jawa. Akeh banget tata cara slametan sing dianake ing tlatah pradesan Mojokutho(Pare) Jawa Timur. Tradisi sing gegayutan karo slametan lan leluhur uga dijlentrehake dening Koentjoroningrat ing bukune Kabudayan Jawa. Masyarakat singngrasuk paham(teologi) Jawa padha nindakake upacara nyadran ing sasi Ruwah supaya padha ora lali marang asal-usule.

Rama Sudi Yatmana kanthi pratitis nyebut tilik kubur, besrik kubur, resik kubur, kirim donga, slametan, memule utawa nyandi, ruwahan, ziarah, misa arwah, ngesur tanah, nelung dina, mitung dina, matang puluh, nyatus, mendhak pisan, mendhak pindho, nyewu, khol, lan sapiturute. Kajaba saka iku, uga nyebut upacara sraddha minangka pengetan sedane Gayatri dening Prabu Hayam Wuruk ing taun 1362. PJ Zoetmulder anan ing buku Kalangwan uga nyritakake bab upacara  sraddha kanggo mengeti sedane Tribhuwana Tungga Dewi taun 1350. Upacara sraddha minangka pengetan raja-raja sing wis puput yuswa uga sinebut ing kidung Banawa Sekar, nganggo ubarampe wujud baita(prau) sing digawe saka kembang(puspa, sekar).

Ya amarga saka upacara iku, sing diarani nyadran saka tembung sraddha, nyraddha, nyraddhan, terus dadi nyadran. Tradisi upacara nyadran ora bisa pisah karo kembang(mawar, kenanga, mlati lan liya-liyane). Tradisi nyadran pranyata wis lumaku wiwit jaman Majapahit nganti saiki. Pakurmatan kanggo leluhur isih lestari tekan saiki lan dipepetri dening masyarakat ing tlatah padesan.

Babagan tilik kubur utawa ziarah pancen dipratelakake ana ing agama Islam supaya padha kelingan bab pati. Bab pati ana sesambungane karo bab urip sing ora suwe. Paribasane kaya wong mampir ngombe. Mula ana tembang Dhandanggula sing muni: Sanepane wong urip puniki, aneng ndonya iku umpamanya, mung kaya wong mampir ngombe, umpama manuk mabur, lepas saking kurunganeki, pundi mencoking benjang, aja kongsi kleru, umpama wong njan sinanjan, ora wurung mesthi bali mulih, mring asal kamulanya. Pungkasane, nyadran iku ngluhurake leluhur kang tundhone supaya eling lan manembah marang Kang Maha Luhur. 

Intine rembug, sakabehing titah kudu tansah mbekteni marang leluhur, snajan wis mapan ing alam kelanggengan. Salah sawijining amalan kang ora pedhot ganjarane yaiku dongane anak putu kang sholeh lan sholehah marang bapa ibu lan para leluhur. Dadi ora teges anak putu nyembah marang arwahe para leluhur, ananging ndongakake supaya arwahe para leleuhur kapapanake ing papan kang mulya ing sandhinge Gusti. Bektine anak kudu mikul lan mendhem jero karo wong tuwa.

***************** 

Posted by Nananging Jagad at 11:32:30 | Permanent Link | Comments (17) |
Komentar
1 - Pancen leser ehh leres kandhamu Kang ... kabeh kuwi kudu dirembug ning ora kakehan ngrembug supaya ora dadi "kacang = kakehan cangkem" ... hehehehe. Aku dadi eling karo dangune simbahku almarhum mbiyen. (Comment this)

Ditulis oleh: Moes Jum at 2006/09/12 - 13:55:33
2 - waduh kang, aku wis suwe babget ora iso nyekar nang simbah-simbah. mumpung cedak pasa, mangga donga dinonga... (Comment this)

Ditulis oleh: bangsari at 2006/09/12 - 15:05:11
3 - salam kenal :)
Ngga ngerti bahasa Jawa nih :D
Jadi ngga bisa lama2 deh *hehehe* (Comment this)

Ditulis oleh: Diandra at 2006/09/12 - 15:13:21
profile
4 - Moes Jum, Pancene Kang, pituture para sesepuh aji tumrape anak putu lan dinamis ngadhepi owah-owahane jaman. (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2006/09/12 - 16:04:52 in reply to: 1
profile
5 - bangsari, Iyo nDoro, dongo dinongo mbok menawa paling ora kuwi minangka tanda bektine awake dhewe marang para leluhur kang wis ngukir jiwa lan ragane putra wayah. (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2006/09/12 - 16:09:28 in reply to: 2
profile
6 - Diandra, Mat kenal juga....matur nuwun sampun kersa pinarak. (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2006/09/12 - 16:14:29 in reply to: 3
7 - sapengetipun kula, kala kula taksih alit...
nyadran punika lamun syukuran wonten ing kubur...
tukar tinukar dhaharan (biasanipun mie,
tigan goreng), uenak ugi maregi :D
Jebulipun (basa ndi neh ki), nyadran punika donga
putra wayah kagem leluhuripun...

 (Comment this)

Ditulis oleh: weedee at 2006/09/12 - 19:05:40
8 - pengen nyadran ke boyolali (leluhur bapak) dan kediri (leluhur ibuk), nanging kok adoh ... wes ndungo wae soko kene ... :) (Comment this)

Ditulis oleh: kirim patekah :) at 2006/09/12 - 23:47:11
profile
9 - weedee, Lha njiih mila mekaten Dik Weede....matur nuwun saking rawuhipun. (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2006/09/13 - 08:46:03 in reply to: 7
profile
10 - kirim patekah :), Iya yang penting donga dinonganya Kang, itu sudah lebih dari cukup. (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2006/09/13 - 08:54:04 in reply to: 8
11 - injih mas. setuju setunggal ratus persen. matur nuwun sanget sampun berkunjung ing blog kulo. mugi-mugi silaturahmi ing jagad maya menika saged berlangsung hingga nanti-nantinyapun. (Comment this)

Ditulis oleh: fitri mohan at 2006/09/13 - 09:33:42
12 - edian... duowo tenan... :) (Comment this)

Ditulis oleh: bagonk at 2006/09/13 - 13:14:30
13 - Ora mudeng aku...:( sekali-kali bahasa padang dong nang biar aku ngerti...:) (Comment this)

Ditulis oleh: ulin at 2006/09/21 - 17:56:03
14 - Mas, bisa tanya tentang maksud simbul-simbul dalam upacara dan kepercayaan dalam budaya jawa.
Tolong jawaban ke email saya saja.
trims (Comment this)

Ditulis oleh: Muhammad Muttaqin at 2006/12/12 - 12:43:07
profile
15 - Muhammad Muttaqin, Dengan seneng hati Mas, bisa saling sharing kawruh sejauh yang saya ketahui, karena saya juga masih dalam tahap menggali dan belajar. Btw, alamat emaile endi??? (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2006/12/13 - 09:46:09 in reply to: 14
16 - Nananging Jagad, Sak benere aku wis nunggu-nunggu jawaban. Lha alamate emailku mtq_wedi@yahoo.co.id.
Tak tunggu lho mas ... tenan. (Comment this)

Ditulis oleh: Muhammad muttaqin at 2007/04/15 - 21:14:07 in reply to: 15
17 - mbah senajane nyadran niku nopo to,,, (Comment this)

Ditulis oleh: kentok at 2007/04/16 - 14:31:52
Tulis komentar