Senin, Oktober 16, 2006

MUDIK'S THEME SONG

TULISAN TANGAN......

(Sapa bisa nembang lelagon iki)

Pangripta: Didi Kempot

Penyanyi : Didi Kempot

 

Udan-udan dalane lunyu

Lintange ndelik mbulane turu

Wayahe udan ing wanci ndalu

Nambahi kangene atiku

Swara takbir ngelengke aku

Kepingin nangis jroning batinku

Arep mulih ora duwe sangu

Sungkem rama lan ibu

 Aku sing ning paran bisaku mung kirim layang

Tulisan tangan ana ing kartu lebaran

Jane pingin mulih ing dina Fitri kang suci

Nyuwun pangaksami sdaya dosa-dosa niki

Minal aidzin wal fa idzin

Mohon maaf lahir dan batin

Posted by Nananging Jagad at 14:46:57 | Permanent Link | Comments (14) |
Komentar
1 - moco syair-re dadi trenyuh ...

alhamdulillah aku ijik iso muleh :) (Comment this)

Ditulis oleh: bahtiar at 2006/10/16 - 20:06:11
profile
2 - Iyo Kang, kudu disyukuri banget kuwi..... (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2006/10/17 - 13:21:19
3 - lagu niku pas kangge nggambarke kulo wonten ngriki, mas... (Comment this)

Ditulis oleh: sahrudin at 2006/10/17 - 14:12:30
4 - eh, bedane pangripta karo pangrawit ki opo, mas? (Comment this)

Ditulis oleh: sahrudin at 2006/10/17 - 14:14:48
5 - ayo semua brangkat mudiiiiik... :)) (Comment this)

Ditulis oleh: bagonk at 2006/10/17 - 15:33:24
6 - Sami-sami ndoro, nyuwun pangapuntene. met mudik... (Comment this)

Ditulis oleh: bangsari at 2006/10/17 - 16:03:51
profile
7 - sahrudin, Wuaduh, tenane Mas Sahrudin....lha sampeyan mboten mudik Magelang tercinta to?Ya, sing penting senajan pisah ing papan panggonan kang adoh, ati lan rasa tetep kempel nyawiji lan tali silaturahime tetep kasambung.
Pangripta kuwi artine pengarang, bisa pengarang lagu, geguritan,crita lan sakpiturute. Lha yen pangarawit iku "penata musik" utawa "arranger".Ngoten Mas....nderek kintun salam taklim dumateng ingkang garwa lan sedaya sedherek panjenengan ing sebrang segara. (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2006/10/18 - 09:00:48 in reply to: 4
profile
8 - bagonk, Kang Bagonk mudik pundi niki? taksih teng Klampis Ireng? (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2006/10/18 - 09:17:15 in reply to: 5
profile
9 - bangsari, Mangga sedaya sedherek-sedherek ingkang mapan ing kitha Njakarta sami ngmalaken mudik kanthi sesanti " Mudik bersama dan bersama mudik"....... (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2006/10/18 - 09:23:48 in reply to: 6
10 - sama2, minal aidin wal faidzin juga, mohon maaf lahir dan bathin, selamat mudik, aku nggak ngerti bgt bhs jawa, jadi aku nggak terlalu ngerti syair di atas, hanya tahu bhs jawa sedikit2. kasiaan deh (Comment this)

Ditulis oleh: awi at 2006/10/18 - 12:52:37
11 - wah akhire aku nemoke konco lan kancaku neng kene
 (Comment this)

Ditulis oleh: anggoro at 2006/12/12 - 19:30:33
12 - Wah, lagu iku pas banget mas kanggone aku wis adoh soko kutho, ninggalno ndeso lan wong tuwo mung sak dermo nggolek sak puluk sego (Comment this)

Ditulis oleh: Andik at 2007/04/04 - 03:24:38
13 - wah lagu iku pas banget mas kaggone aku wis adoh soko kutho niggalno deso lan wong tuwo mung sak dermo nggolek sak puluk sego, lumayan tenan olehe rekoso (Comment this)

Ditulis oleh: Andik at 2007/04/04 - 03:27:04
profile
14 - Andik, Yo senasib lah.....nyebar godhong koro wae Dab! (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2007/04/04 - 09:40:23 in reply to: 13
Tulis komentar