Selasa, Desember 26, 2006

SAKWETARA NING NDESA

MUDIK II

Sengaja wektu seminggu ing akhir taun iki aku cuti seko penggaewanku ning Njakarta. Niatku arep mberesi penggawean ngomah sing lagi nglekasi mangsa ceblok pari. Bapak, simbok, adi2ku lan tangga teparoku katon sumringah ngerteni aku mrei rada sakwetara wektu. Iki sengaja tak rewangi medun ning kuthagara sak perlu andum crita ro kadang sutresna sedaya.

Ing tlatah sak kiwa tengene Mrapi saben dina tansah diguyur udan kang njalari anane banjir lahar seko material Mrapi minangka turahan muntahan nalikane gunung kuwi njebluk tengah taun kepungkur. Panen pasir kanggone kanca2 penambang pasir kang saben ndinane bisa panen 80-100 ewu. Emane ora akeh wong seko ndesaku kang melu panen mau, mergo pancene papan penambangan mau rada adoh.Kejaba kuwi nmasyarakat ing kampungku rata2 penggaweane dadi tani.

Banyu udan kang wis turah2 ndadekake para kadang tani sengkut menyang sawah lan mangsa angkler langsung kawiwitan. Rabeda wong tani liyane, Bapak yo wis lekas ceblok tanduran pari ning sawah ngarep desa. Saiki mung gari ngupakara lan sithik ngrabuk tanduran mau. Yen tak bayangke, wong tani ing negara iki sak hohah jumlahe kok nganti ana crita kekurangan pangan ki yo jeneng mokal, ora ketemu nalar. Kejaba nandur pari, tanin ing desaku uga pada sengkut nandur werna2 sayuran,  kayata lombok, tomat, kacang lanjaran, pare, lobis lan liyane.

Kejaba tanduran sawah lan tegalan, ing ndesaku uga akeh tanduran salak, jenis pondoh lan lumut. Tegalanku dhewe sing rada  cengkar saiki wis ditanduri salak kabeh, ana mbok menawa 1500 wit. Rabeda yen aku bali mesti tak legake andrawina ning kebon, Jebul saiki wis wiwit mangsa kembang lan sedela meneh bakale panen raya. Dina mbaka dina mung tak entekke wektu ngopeni tanduran salak mau, seko maprasi godhonge, matuni lan ngaleni. Sanajan awak kesel, pegel lan lungrah kabeh, mergo wis suwe ora kulina nggota, ning saajak ati bungah ndeleng tanduran ijo royo-royo. Yen wis ngono njur lali ro Njakarta, terus dadi mikir "ngopo adoh2 ngglidik ning Njakarta?" yen sejatine ketentreman kuwi dumunung ing ngendi papan ngendi panggonan.

Mula sejatine, aku ngrasaki urip sakwutuhing urip ki yo yen ning ndesa. Tansah ayom, ayem, tentrem lan kerta raharjo......Muga wae sakwijining dina aku bisa bali kanggo saklawase.

Posted by Nananging Jagad at 10:31:22 | Permanent Link | Comments (8) |
Komentar
1 - muleh2 ... kebon kacang sepi :) (Comment this)

Ditulis oleh: bahtiar at 2006/12/28 - 08:07:22
2 - Lha mbok ngono ... ngopo ndadak nggolek upo nang nJakarta barang. Luwih becik urip sak madyo ning ndeso tinimbang urip nang kutho kakehan jablay ... hehehe (Comment this)

Ditulis oleh: Moes Jum at 2007/01/02 - 02:29:20
profile
3 - bahtiar, Wis bali mau isuk Kang...piye kahanan ing Ndalem KK saklawase ingsun kondur? (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2007/01/03 - 16:15:39 in reply to: 1
profile
4 - Moes Jum, Kabeh yomung sakdermo je Kang... (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2007/01/03 - 17:06:42 in reply to: 2
5 - Salam

Terima kasih mampir di blog jowopinter (versi Bahasa melayu)

Untuk versi Bahasa Jawa mampir di www.jowopinter.neezmo.net :D (Comment this)

Ditulis oleh: jowopinter at 2007/01/04 - 13:49:15
profile
6 - jowopinter, Matur nuwun ugi sampun kersa pinarak Kang.Mugi pepanggihan punika minangka wiwitanipun pasederekan ingkang langkung rumaket ing wekdal ingkang badhe dhateng. (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2007/01/04 - 16:50:19 in reply to: 5
7 - wah... homesick tooo... :) (Comment this)

Ditulis oleh: bagonk at 2007/01/06 - 11:41:46
profile
8 - Nang...ora dong aku nang...:( (Comment this)

Ditulis oleh: ulin at 2007/01/20 - 11:41:31
Tulis komentar