Jumat, May 11, 2007

Janoko Mulih Ndeso

Gumrenggeng swaraning pradangga hangampak-ampak ing katebihan hangebeki sajruning karang pradesan. Duk rikala semanten, tan kocapo carita Bathara Kamajaya kairing sisihanipun nun ninggih Dewi Ratih tumedhak mandhap ing tlatah Magelang Hadiningrat. Negari ingkang hapunjung pasir wukir, rinengkuh ing restuning Kang Murbeng Dumadi dadosa negari ingkang ijo royo-royo gemah ripah iman cemerlang kang dadi semboyane.

Nyuwun tambahing pangestu

Badhe hanglampahi gesang engggal ing madyaning bebrayan agung,

Nananging Jagad & Nininging Jagad

MAGELANG, 19 Mei 2007

Sabtu Legi, 2 Jumadil Awal 1940 EHE

Tabuh wanci jam 10.00 WIB 

 

Ing Tlatah Erenge Redi Merapi

Kronggahan Polengan Srumbung MAGELANG GEMILANG

Nuwun,

Posted by Nananging Jagad at 08:36:56 | Permanent Link | Comments (33) |
Komentar
1 - horo toko no ...

akhire posting kowe

slamet2 ... :) (Comment this)

Ditulis oleh: president at 2007/05/11 - 09:57:23
2 - woh den mas janoko amrih start grija ingkang enggal,,

ngaturaken heppi kawinan...

kula namung saged sesuwun kaliyang ingkang Paring Gesang mugi panjenenganipun den mas janoko saged bina kaloewargah ingkang sakinah, mawadah, warohmah, markonah, kamdanah, dursasanah, duryudanah, rukmanah sumiyati, muryati, maryati, suminem, sumiyatun, wardiman, wasiyo, dsb

hanimun neng kopeng..? (Comment this)

Ditulis oleh: sangar! at 2007/05/11 - 11:44:13
3 - mas aku bisa java J2EE/J2ME/J2SE/JSP/javascript.. tapi kalo bahasa jawa cuma dikit2.. jadi gak tau deh mau kometar apa....

btw Nananging Iku opo artine mas?? (Comment this)

Ditulis oleh: co-that at 2007/05/11 - 15:30:00
4 - Selamat menempuh hidup baru kang.... :) (Comment this)

Ditulis oleh: irwan at 2007/05/11 - 20:53:27
5 - Ngaturi sugeng dumateng Mas Nanang ingkang badhe minggah panganten hambangun kulawargi. Mugi pinaringan berkah dados kulawargi sakinah, wadah lan rohmah. Nyuwun sewu boten saged nderekaken dugi Magelang. (Comment this)

Ditulis oleh: Kombor at 2007/05/11 - 21:10:23
6 - kulo lan sakluargo blogger jogja ngaturaken nderek bingah!
mugi2 nanang n nininging jagad kagungan putro wayah ingkang kathah, dirahmati gusti Allah sang pangeran....


nderek bingah

diditjogja+cahandong.org (Comment this)

Ditulis oleh: diditjogja at 2007/05/12 - 00:17:27
7 - Selamat, mas. Semoga sakinah dan banyak berkat. (Comment this)

Ditulis oleh: Hedi at 2007/05/12 - 02:23:22
8 - Ngaturi sugeng dumateng Mas Nanang, Mugi pinaringan berkah dados kulawargi sakinah, wadah lan warohmah. Nyuwun sewu boten saged nderekaken dugi Magelang. (Comment this)

Ditulis oleh: Langit at 2007/05/12 - 14:48:34
9 - hoaemmmm
angel tenan moco postingan iki
ning intine aku ngerti koq ....

Selamet yoooo? (Comment this)

Ditulis oleh: Luthfi at 2007/05/13 - 05:09:21
profile
10 - president, Lha iyo...jane raperlu tak posting dhewe, para jin prewanganku wis do mandang gawe to? (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2007/05/14 - 13:06:19 in reply to: 1
profile
11 - sangar!, Welha dalah....ning jane kula njih mbetahaken Pengrawit niki! (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2007/05/14 - 13:08:44 in reply to: 2
profile
12 - co-that, Gini lho Mas.....akhiran -ing di sini artinya sama dengan akhiran -nya dalam bhs Indonesia, jadi Nananging Jagad itu artinya Nanangnya Dunia. Sebenarnya ini sedikit plesetan dari julukan Raden Arjuno penengah Pandawa sebagai Lelananging Jagad, laki-lakinya dunia begitu, nuwun. (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2007/05/14 - 13:14:03 in reply to: 3
profile
13 - irwan, Matur Nuwun Dik! (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2007/05/14 - 13:31:00 in reply to: 4
profile
14 - Kombor, Suwun Kang saking pandonganipun.... (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2007/05/14 - 13:32:55 in reply to: 5
profile
15 - Kombor, Matur Nuwun paring pangestunipun..... (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2007/05/14 - 13:35:52 in reply to: 5
profile
16 - diditjogja, Muwun ugi Mas Didit lan sedoyo rencang komunitas CahAndong....nderek kintun salam. (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2007/05/14 - 13:41:21 in reply to: 6
profile
17 - Hedi, Nuwun Pak....ini juga "berkat" sampeyan juga lho. (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2007/05/14 - 13:45:00 in reply to: 7
profile
18 - Langit, suwun Mbak....ingkang baken "kirimanipun" mawon. (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2007/05/14 - 13:48:51 in reply to: 8
profile
19 - Luthfi, Sante mawon Mas....just kidding kok. (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2007/05/14 - 13:57:31 in reply to: 9
20 - mas, sugeng nglampahi dados bojonipun bojo panjenengan, oke? lare pundi garwanipun, mas? wah, dia pasti wanita yang sangat beruntung dapat suami panjenengan... (Comment this)

Ditulis oleh: sahrudin at 2007/05/15 - 00:06:47
profile
21 - sahrudin, Nuwun Kang...tebih-tebih saking Kaltim kirim donga', keleres namung tanggi dusun Kang, pidalem ing Tuguran wingking RWB niko lho.... (Comment this)

Ditulis oleh: Nananging Jagad at 2007/05/15 - 09:55:28 in reply to: 20
22 - "kirimanipun" dongo ngih :) (Comment this)

Ditulis oleh: Langit at 2007/05/15 - 15:57:02
23 - Wah ! duur tenan bohosone..

Akeh seng nyong orak paham... :) (Comment this)

Ditulis oleh: jowopinter at 2007/05/15 - 18:24:11
24 - selamat menempuh hidup baru Nang, semoga menjadi keluarga yang sakinah, mawaddah warahmah, amin (Comment this)

Ditulis oleh: awi at 2007/05/16 - 13:02:26
25 - nggih... sugeng makarya, kang... [heh? lho.. lha hiya, ta?] (Comment this)

Ditulis oleh: anakperi at 2007/05/16 - 20:39:39
26 - Ngaturaken sugeng nglampahi gesang inggal,gesang ingkang komplet. Mboten namung setengahipun. Mugi angsal berkaging gusti, kaparingan kluargo ingkang sakinah, mawaddah warahmah.
Nywun agunging samodro pangaksami awit mboten saged sowan wonten ndalem Polengan.Saking negarinipun sedherek sepuh ingkang sampun njajah watoro 3.5 tahun, kulo namung saged ngaturaken pandongo pangestu.
Sugeng pepanggihan malih sawangsulipun kulo sakkluwargo wonten ing Njokarto.Salam dumateng sedoyo rencang, rahayu ingkang sami pinanggih.

Suwun,

Saruming lan kluargo (Comment this)

Ditulis oleh: Saruming at 2007/05/17 - 19:52:31
27 - Dumating sampun cekap semanten, monggo ngaturaken incip² temanten putri ..... *gHuBrAkz*

selamat menempuh hidup baru semoga 4JJI mem Barokahi pernikahan kalian sehingga langgeng sampe kiki ninen, mudah rezeki, cepat momong bayi, menjadi keluarga yg Sakinah, Mawardah, & Karomah.

-Aamiinn Ya Robhal'allamiinn.-

-=he509x™=- (Comment this)

Ditulis oleh: MaNongAn at 2007/05/17 - 22:19:47
28 - nyuwun pangapuntene kulo mboten tumut nyekseni ndoro... (Comment this)

Ditulis oleh: bangsari at 2007/05/22 - 18:22:35
29 - Selamat menempuh idup baru... :) (Comment this)

Ditulis oleh: eRiKa at 2007/05/22 - 20:09:00
30 - kawulo inggih ngaturake sugeng nglampahi jejodoan kagem panjenganipun mas anang, mugi-mugi gusti pengeran (sanes pengeran antasari utawi pengeran diponegoro lho..) paring wilujeng lan saged awet ngantos kaken-kaken lan ninen-ninen...nyuwun gunging pangaksami bilih atur kawulo meniko samput telat...nuwun. (Comment this)

Ditulis oleh: pitik at 2007/05/24 - 15:41:32
31 - Selamat Nang....
Wah...bergerak cepat ternyata si Bapak Satu ini...
Semoga menjadi keluarga sakinah dan berbahagia selalu...:) (Comment this)

Ditulis oleh: ulin at 2007/05/28 - 17:52:21
32 - Wah, sajak cuti menghamiline seminggu rung cukup. Lah wis seminggu berlalu ning kok durung ono laporan pandangan mata babagan mbelah duren lan sak panunggalanipun. hehehe.... (Comment this)

Ditulis oleh: saruming at 2007/05/28 - 21:33:43
33 - Alhamdulillah... Selamat menempuh hidup baru ya.. Maap nih telat banget komennya. Yang rukun ya.. (sebenernya ini nebak2 artinya apa.. gak pinter bahasa jawa aku :D) (Comment this)

Ditulis oleh: rhani at 2007/05/30 - 20:49:59
Tulis komentar