Selasa, Oktober 30, 2007

TRADISI TIADA HENTI

UJUNG - SILATURAHMI
Kanggone umat Islam kang nembe nindakake ibadah pasa Ramadhan sewulan nutug, tekane dina Riaya Idul Fitri mujudake tanda kamenangan anggone gladhi meper hawa nefsu kanthi lair dadi menungso anyar kang resik saka sakabehing dosa kayadene bayi meneh.
Ono sakjroning keyakinan agama Islam, leburing penggawean dosa kang ditindakake dening menungso ono loro syarate amrih bisa lebur. Syarat kang angka sepisan yoiku kudu dikantheni rasa taubat ono ing pangarsane Gusti Allah, kanthi niat kang temenan ora bakal mbaleni laku tindak dosa mau. Syarat kang angka loro, yen penggawean dosa mau ono gandheng cenenge karo sesrawungan karo sapadha-padhaning menungso ono ing saktengahing bebrayan agung utowo masyarakat kudu dikantheni panyuwunan pangapuro karo liyan kang disalahi mau.

Kanthi mengkono syarate dosa biso lebur, kudu ngupoyo leburing dosa rong dimensi urip yoiku dimensi vertikal tumrape Kang Hakaryo Jagad(hablu minnallah) lan dimensi horisontal tumrape sak pepadhaning urip(hablu minnannas). Prasyarat werno loro mengkono ngemu teges amargo penguripane menungso ing ndonya iki ora biso uwal seko sesrawungan karo menungso liya mergo menungso mujudake makhluk sosial kang tansah mbutuhake bebantuane masyarakat.

Kanthi adedasar rong perkoro ing ngarep, mulo ono ing ajaran agama dituntunake sakwise ibadah pasa sewulan nutug kanggo ngupadi pengampunane seko Kang Gawe Urip, menungso banjur kudu nyuwun pangapuro karo menungso liyane. Mulo banjur ono acara halal bi halal kanggo nglebur dosa marang liyan kanthi wujud sungkeman marang kang luwih sepuh utowo salaman tumrape kang sejajar umur.

Ing sakperangane masyarakat Jawa, ono tradisi kang diwarisake seko para leluhur minangka sarana kanggo nguripake halal bi halal lan ugo semangat silaturahmi mau kanthi tradisi ujung. Ujung yen ditelusur seko maknane tembung mujudake pamungkase wong kang nindakake ibadah Ramadhan. Ujung dilaksanakake kanthi nyowani tangga teparo kiwo lan tengen omah, para sesepuh lan pinisepuh ugo para leluhur kang isih sugeng. Ujung dilakoni kanthi ngaturake sungkem pangabekti banjur diterusake kanthi ikrar panyuwunan pangapuro tumrape tumindak lan atur kang nerak tata krama utowo syara' ing sakjroning setaun kepungkur.

Anane tradisi ujung bisa dadi srana kanggo tansah ngrakatake tali paseduluran utowo silaturahmi lan ugo bisa dadi srana kanggo nguri-uri bab unggah-ungguhing trapsila wong enom tumrap kang luwih sepuh, amergo ono ing sajroning ujung diajarake matur kang alus kanthi nggatekake tata krama lan unggah ungguhing atur. Mbok menawa bab kuwi mau kang njalari saben-saben teko dino Rioyo Idul Fitri, wong Jawa kang urip ing paran direwangi kanthi rekoso pingin tansah mulih ing ndesane sak perlu ketemu sanak sedulur kanggo apuran ing pangapuran.

Mbok menawa anane kahanan negoro kang crah persatuane ing wektu-wektu iki bisa diraketake meneh salah sawijine kanthi tradisi ujung mau. Bebasan paribasan guyup agawe sentosa lan crah agawe bubrah. Mugo apa kang katulis sithik bab ujung iki biso ndadekake semangat awake dhewe kabeh kanggo tansah nguri-uri tali silaturahmi kaya kang wis digarisake ana ing tuntunan agama.

Minangka wasanane atur, ngaturake sugeng Rioyo Idul Fitri, sedoyo lepat nyuwun lumunturing samodra pangapuro lan mugo Gusti Pangeran tansah paring kanugrahan hidayahe kanggo awake dhewe kabeh. Amiiiiien ya rabbal 'alamin......
Posted by Nananging Jagad at 08:23:35 | Permanent Link | Comments (0) |
Komentar
Tulis komentar