Mbah Maridjan(2)
Isih bab Mbah Maridjan....
Kawit mbiyen mula, Mbah Maridjan tansah kritis lan tatag penemune ngenani kelestariane alam Merapi. Deweke tansah ngelingake cara penambangan pasir sing kanthi ngrusak alas nganggo "bighoe", bab penggundulan alas nganti kedadeane Taman Nasional Gunung Merapi sing dadi keprihatinane wong akeh ing sak ngisore Merapi. Ora bosen Mbah Maridjan tansah sumanak marang kanca-kanca pendaki Merapi sing asring mampir ing omahe, tansah diwelingi yen munggah Merapi ojo nganti gawe rusake lingkungan lan tansah melu njaga kelestariane.
Mbok menawa penguripane Mbah Maridjan kang sakmadya kuwi sing njalari deweke nduweni kawicaksanan lan kawaskithan bab alam.
Muga wae kahanan iki bisa kanggo pepeling tumrape kawula dasih.......
Manungso tan keno kiniro....
Pancen koyone awake dhewe kudu sinau lan mahami apa sing diarani basa simbol. Babagan juru kunci kanthi umum jane nduweni teges pawongan sing tansah nguri-uri utawa mahami kahanane jaman kanthi basa kearifan lokal. Amarga deweke nduweni keluwihan anggone ngrasa rasane alam sahengga kena diarani yen paham basa alam. Alam ing kene pangertene amba, ora mung wujud pisik neng uga sakabehing kahanan kang nduweni dimensi ruang lan wektu.
Kadangkala pancen kang diarani kearifan lokal kuwi mau angel dipahami lan dionceki nganggo nalar uga pengetahuan modern. Sinau seko sosoke Mbah Maridjan, paling ora wong akeh dadi mangerteni yen sing jenenge alam, ing kene Merapi, jane nduweni basa kang alus lan kudu dingerteni kanggo njaga tata keseimbangane alam raya. Merapi najan katone mbebayani nanging beda karo sosoke teroris sing tansah ngupadi banten wong kang ora nduweni dosa, mergo Merapi jane mung nglakoni hukume alam utawa sunatullahe Gusti kang yen dipikir kanthi jero malah bakale ngenehi aset kang ora sithik tumrap masyarakat sekitare. Sepiro akehe muntahan kang awujud krikil, krakal, pasir lan uga watu kang tembene dadi panguripane para sedulur penambang pasir. Durung meneh awune kang disemburake kang minangka rabuk alami sing ningkatake kesuburane lemah kiwa tengene minangka dadi sumber penguripane kadang tani.
Kawit mbiyen mula, Mbah Maridjan tansah kritis lan tatag penemune ngenani kelestariane alam Merapi. Deweke tansah ngelingake cara penambangan pasir sing kanthi ngrusak alas nganggo "bighoe", bab penggundulan alas nganti kedadeane Taman Nasional Gunung Merapi sing dadi keprihatinane wong akeh ing sak ngisore Merapi. Ora bosen Mbah Maridjan tansah sumanak marang kanca-kanca pendaki Merapi sing asring mampir ing omahe, tansah diwelingi yen munggah Merapi ojo nganti gawe rusake lingkungan lan tansah melu njaga kelestariane.
Mbok menawa penguripane Mbah Maridjan kang sakmadya kuwi sing njalari deweke nduweni kawicaksanan lan kawaskithan bab alam.
Muga wae kahanan iki bisa kanggo pepeling tumrape kawula dasih.......
Manungso tan keno kiniro....










aku dewe seng wong jowo ... rodok angel moco tulisan iki :)
Mulo wong Jowo kudu nggali lan sinau meneh bab "JATI DIRI" identitas Jawa Tengah koyo sing mbiyen dadi semboyane "Lurahe Jawa Tengan" Pak Gubernur Ismail. Leres to Kang.......
(Comment this)Kang Mas, mbok menawi tulisanipun dipun paringi paragraf supados sekeca anggenipun maos. Nuwun...
Oo njih matur nuwun kawigatosanipun nDoro Sinyo.....
(Comment this)waa... mumet... mung paham 90%... :)
anang: "Lha sampeyan gimana to Mas, takkira Mas bag0nk ni pakar basa bagongan tenan je........... "
(Comment this)