SEDANE SIMBAH
Mbah Marto van Wonokromo
Dina iki, seminggu kepungkur Jemuah Pahing tanggal 24 Rejeb simbah tinimbalan ing ngarsane Gusti. Mbah Marto putri senajan dudu mbah kandung, senajan mung lumrahe mbah pupon, ananging kedadean sedane kuwi pranyata wis bisa gawe trenyuh lan gorehe atiku. Kanggo aku lan kanca-kanca kang nate ngangsu kawruh ing padhepokan Gadjah Mada lan mligine kang pada melu ngenger ing padhepokan Al Hasanah, pojokan Mirota, simbah minangka pralambang wong kang tatag ngadhepi owah-owahane jaman.
Aku ngerteni kabar sedane simbah nalikane dina Ahad, telung dina mungkure simbah, aku pinuju mampir ing Terban. Pak Yanto banjur takon aku wis ngerti kabare simbah durung? Akhire deweke crita yen simbah wis seda lan deweke kelalen ngabari cah-cah klebu aku. Krungu kabar kuwi, aku dadi sedih lan ngeman geneya aku ora dikabari sahengga ora bisa takzi’ah nguntapke kondure simbah.
Nalika kedadean lindhu ing Bantul, telung wulan kepungkur, simbah lagi tilik ing Al Hasanah, dadine bisa slamet. Omahe ing Wonokromo ambruk, malah sawijine putune ana kang dadi banten. Kawit wektu kuwi, simbah banjur manggon ing daleme Pak Beni, nganti kedadean Jemuah esuk simbah tiba ing peturonan banjur digawa ing rumah sakit PKU. Ing kana simbah tilar kanggo sak lawase.
Simbah wis ngatonake kasetyane anggone melu ngumawula lan nggula wentah putra putrine Pak Iqbal luwih saka patang puluh tahun. Simbah nate crita marang aku yen sejatine piyambake asli wong Petanahan Kebumen, banjur nalikane isih timur wis melu perjuangan ing Yoja. Sakbanjure simbah oleh jodho priyayi seko Wonokromo ing tlatah Plered Bantul.
Sakwise ngancik umur rada sepuh, simbah dipasrahi karo Pak Iqbal supaya ngurusi Mesjid al Hasanah. Jejibahan kuwi diayahi simbah kanthi ikhlas lan legane ati. Ing saben esuk, antarane jam loro esuk, simbah mesthi tansah gugah-gugah marang bocah-bocah takmir kang rata-rata kesed yen kon tangi gasik. “Cah lanang da tangi, adan.....wis subuh ki, ayo tangi-tangi!!!”, ngono penggugahe simbah kang ora nate ndelok jam.
Lebar nggugahi bocah-bocah, simbah age dadek geni nyulet kompor nggodhok wedang. Sinambi nunggu banyu umep, simbah nglegakake sholat tahajud. Sakwise sholat Shubuh, simbah nderes buku iqro’, mergo asline simbah pancen tuna aksara senajan simbah wis nate tindak ziaroh ing Mekah. “Ba bi bu,tho ma tho, ma ma mu....”, ngono pangejane simbah. Bubar ngono simbah banjur mapan sare meneh, mbok menawa amarga kahanan awak tuwa.
Kenangan sing paling nrenyuhake kekadeyan nalika demo gedhen ing ngarep mesjid ing taun 98an. Amarga akehe wong sing padha demo, nganti dalan ngarep mesjid ketutup dening demonstran lan pulisi sing jaga. Lha simbah, seko esuk durung sempat ngliwet, mergo ora bisa blanja ing pasar. Nganti ngancik wektu maghrib mung nggodhak-nggodhok wedang kanggo nyawisi bocah demo sing ngelak. Ngancik wektu wengi kuwi, simbah mekso kudu diterake metu sakperlu blanja kanggo ngliwet. Amargo kahanan durung aman, nalika kuwi pulisi kang nganggo penganggo preman ngacung-acungi pestol lan kendaraan panser uga terus nyemproti gas air mata, bocah rada kuwatir yen ngeterake simbah metu. Akhire Fajar duwe penemu, ben le metu aman simbah digandeng karo tangan sijine nyekel gendera putih minangka pratanda wong netral lan damai. Simbah-simbah..........senajan sepuh isih nekad.
Sugeng tindak Mbah, mugi khusnul khotimah...........









