Tuesday, October 30, 2007
Monday, April 23, 2007
FENOMENA
MENYAN JEPANG
Refleksi Dina Kartini
Mbok menawa akeh para kaum wanita kang wis lali marang anane dina Kartini, apa meneh marang labuh lan labete sarta perjuangane kanggo ngangkat derajat wanita sakdrajat karo pria. Pancene emansipasi wanita wis bisa, snajan mbaka saka sithik, mbukak peluang kanggo para wanita mbuktekake kabisane yen ora kalah karo kaum pria.
Wanita pranyata ora mung sakderma dadi kanca wingking thok. Yen ing jaman mbiyen panggonane wanita mung ana ing kasur, dapur lan sumur, ing sakmengko kahanan wis luwih maju. Ing jaman kemajuan ngene wis akeh para wanita kang bisa nggayuh panggonan kang strategis ana ing madyaning paprentahan, kayata dadi mentri, gubernur, bupati, camat nganti tekan lurah. Kamajuan lan kesetaraan pria lan wanita pranyata wis bisa nggawa kemajuan.

Nanging sing kadhangkala ndadekake prihatin, tuntutan kemajuan kuwi mau ana sing kebablasen lan ora empan papan. Ora sithik wanita kang merga tuntutan karir njur nglalekake jejibahane ing rumah tangga, malah ana sakperangan wanita kang ngingkari kodrate dewe minangka pihak sing paling dominan anggone nglairake, ndidhik lan nggulawentah anak, khususe ana ing lingkungan ngomah.

Ora mung kuwi, ing jaman kang sakabehe diukur nganggo materialisme, bandha, drajat, lan dhuwit, ora sithik wanita kang ngalalake kabeh cara kanggo nggayuh kamulyan donya. Ing jaman saiki, akeh para prawan kang lila dirabi karo Om-om mung merga ngincer bandhane. Si Om-om kang modhal raja brana kuwi mau, nggunakake kesugihane kanggo mikut atine wanita.
Tuesday, April 17, 2007
TEMBANG BARU
MBAH MARIDJAN
By: Cak DIQIN

Siapa yang tidak mengenalnya
Seorang lelaki suku Jawa
Penakhluk gunung yang berbahaya
Urung meletus karena doanya
Dikenal tak hanya Indonesia
Juga dikenal mancanegara
Lelaki yang perkasa lugu dan bersahaja
Mbah Maridjan itu namanya
Mbah Maridjan tokoh pemberani
Mbah Maridjan tokoh disegani
Sebagai juru kunci
Banyak yang menjuluki
Semelekethe gunung Merapi
Mbah Maridjan………roso!…….roso!
Mbah Maridjan………roso!…….roso!
Mbah Maridjan pancen roso
Tuesday, December 26, 2006
SAKWETARA NING NDESA
MUDIK II
Sengaja wektu seminggu ing akhir taun iki aku cuti seko penggaewanku ning Njakarta. Niatku arep mberesi penggawean ngomah sing lagi nglekasi mangsa ceblok pari. Bapak, simbok, adi2ku lan tangga teparoku katon sumringah ngerteni aku mrei rada sakwetara wektu. Iki sengaja tak rewangi medun ning kuthagara sak perlu andum crita ro kadang sutresna sedaya.
Ing tlatah sak kiwa tengene Mrapi saben dina tansah diguyur udan kang njalari anane banjir lahar seko material Mrapi minangka turahan muntahan nalikane gunung kuwi njebluk tengah taun kepungkur. Panen pasir kanggone kanca2 penambang pasir kang saben ndinane bisa panen 80-100 ewu. Emane ora akeh wong seko ndesaku kang melu panen mau, mergo pancene papan penambangan mau rada adoh.Kejaba kuwi nmasyarakat ing kampungku rata2 penggaweane dadi tani.
Banyu udan kang wis turah2 ndadekake para kadang tani sengkut menyang sawah lan mangsa angkler langsung kawiwitan. Rabeda wong tani liyane, Bapak yo wis lekas ceblok tanduran pari ning sawah ngarep desa. Saiki mung gari ngupakara lan sithik ngrabuk tanduran mau. Yen tak bayangke, wong tani ing negara iki sak hohah jumlahe kok nganti ana crita kekurangan pangan ki yo jeneng mokal, ora ketemu nalar. Kejaba nandur pari, tanin ing desaku uga pada sengkut nandur werna2 sayuran, kayata lombok, tomat, kacang lanjaran, pare, lobis lan liyane.
Kejaba tanduran sawah lan tegalan, ing ndesaku uga akeh tanduran salak, jenis pondoh lan lumut. Tegalanku dhewe sing rada cengkar saiki wis ditanduri salak kabeh, ana mbok menawa 1500 wit. Rabeda yen aku bali mesti tak legake andrawina ning kebon, Jebul saiki wis wiwit mangsa kembang lan sedela meneh bakale panen raya. Dina mbaka dina mung tak entekke wektu ngopeni tanduran salak mau, seko maprasi godhonge, matuni lan ngaleni. Sanajan awak kesel, pegel lan lungrah kabeh, mergo wis suwe ora kulina nggota, ning saajak ati bungah ndeleng tanduran ijo royo-royo. Yen wis ngono njur lali ro Njakarta, terus dadi mikir “ngopo adoh2 ngglidik ning Njakarta?” yen sejatine ketentreman kuwi dumunung ing ngendi papan ngendi panggonan.
Mula sejatine, aku ngrasaki urip sakwutuhing urip ki yo yen ning ndesa. Tansah ayom, ayem, tentrem lan kerta raharjo……Muga wae sakwijining dina aku bisa bali kanggo saklawase.